Kidung pepeling Oleh Dewi sekar arum rengganis

D

Kidung pepeling

© Dewi sekar arum rengganis

Duh cah bagus.. Anakku lanang
Duh cah bagus.. Anakku lanang
Do podo pintero ngaji
Suk nek gede dadi wali
Ditresnani para nabi
Ditresnani marang Gusti

Duh cah bagus... Anakku lanang
Duh cah bagus.. Anakku lanang
Jolali ngibadah limo
Munggah kaji, ngaji poso
Sodakoh dulur lan tnggo
Supoyo besuke mulyo

Duh cah bagus. Anakku lanang
Duh cah bagus. Anakku lanang
Timang timang ditimang timang
Mbesuk supayane menang
Selamet bejo sangkan paran
Ojo lali anggonmu sembahyang

Duh cah bagus.. Anakku lanang
Duh cah bagus.. Anakku lanang
Dikudang tak kudang kudang
Supaya mbesuke menang
Ojolali do sembahyang
Manut dawuh kanjeng nabi
Manut pepastine gusti
Nggugu tuturane guru
Bekti marang bapak ibu

Neruske perjuangane
Para wali lan leluhur.
Supaya atine makmur
Tansah subur panen tandur

Ayo podo nandur becik
Supoyo tukule apik
Nandur tandurane dzikir
Ojo do kakean mikir
Duh anakku cah bagus dewe
Kidung ibumu esuk awan wengi sore
Dadi dedongane koe
Supoyo guno uripe

Duh anakku cah bagus dewe
Ojo podo tyru sore sore
Tukaran marang dulure
Rebutan sandang lan papane
Kui kabeh kang ala arane
Akeh sitik podo rukun
Tumindak kang tansah tekun
Supoyo atine arum


Berapa nilai untuk puisi ini ?

Beri nilai dengan tap jumlah bintang dibawah ini. Dari kiri ke kanan 1 sampai 10

Average rating 7 / 10. Vote count: 3

Belum ada yang memberi nilai, jadilah yang pertama!

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *